Bismillāhirraḥmānirraḥīm

Assalāmu‘alaikum warahmatullāhi wabarakātuh.

Tulisan niki kulo aturake minangka cathetan dawuh lan pitutur sing jeru sanget saking guru kulo, KH Masda Andi. Mugi saged dados pangeling-eling tumrap kulo pribadi lan sedaya sing maos, bilih dalan kabecikan lan keshalihan punika boten nate mandiri, nanging tansah butuh gandolan, sanad, lan sandaran sing leres.

Dawuhipun:

Tak bocori titik ae yo Mbah…iki tenan Mbah….

Tak judul merawat sanad menguatkan ummat kuwi “NGGANDOLO”

Kelas awak dewe iku yo nggandolllllll….tur golek gandolan iku yo sing nggenah ben gaj ceblok, umpomone kok ceblok iku mergo awak dewe kakean pola, gak manut garo sing nggendong.

Ngene……

Ketika Alloh disebutke minimal 3 sifat, misale nang s. FATIHAH, Alloh disifati

ARROHMAN NIROHIM ROBBIL ALAMIN MALIKIYYAUMIDDIN

La nek wis ndungo kudu duwe cantelan, gandolan, sandaran opo iku “SHIROTHOLLADZINA….” dadi awak dewe iki ora iso dadi wong apik mergo awak dewe, apike awak dewe iku mesti kudu nyantel, nyandar nang Nabi, Wali seng sak durunge awak dewe. APIK IKU BUTUH SANAD, kudu nginduk ndukure….. faham kah….

Lanjutan…….

Makane Qur’an nek nyebut wong apik iku “fa ulaika ma aladzina an‘amallohu ‘alaihim minanabiyyina….” (An-Nisa 69).

La wong apik iku sopo????

Yo wong sing gelem nangkep hidayah.

La wong sing gelem nangkep hidayah iku sopo?????

Yo wong sing enek sanad e.

Imam Abul Hasan Asy-Syadzili dawuh:

“Awakmu iku sholehe gak ngarah sempurno,”

mulane Alloh ngendikan:

“Yā ayyuhalladzīna āmanū ittaqullāha wa kūnū ma‘ash-ṣādiqīn” (At-Taubah 119)

Mergo awak dewe bener tenan iku gak iso, isone yo melok bergabung. Kuwi kudu nggandol wong sing bener, dudu nggandol wong sing gak bener.

Makane redaksi Qur’an “wa kūnū ma‘ash-ṣādiqīn” nggawe lafadz “MA‘A”, ora nggawe lafadz “MIN”.

Lapo nek Nabi nggawe MIN, kok awak dewe nggawe MA‘A?

Sebab Nabi benere temenan, lah nek awak dewe ora mesti. Makane iaone melok gabung, nggandol, makane nggawe “MA‘A”.

Sopo sing bener???

Iku wong sing thoat marang Alloh yo Nabi. An-Nisa 69 iki ono hubungan karo Ali Imran 31 sing wingine.

Wong sing bener kuwi wong sing thoat marang Alloh lan Nabi.

Makane nek pengin duwe ADAB, maqome awak dewe iku bergabung, nggandol, gonceng “MA‘A”.

Intine awak dewe iku maqome “NDEREK MAWON.”

Kesimpulan:

Nek gak iso MIN, yo kudu MA‘A.

Nek angel dadi wong sholeh, yo gabungo karo wong-wong sholeh.

Lah nek wis faham iki, maka awak dewe kudu tawadlu‘, sebab apik e awake dewe iku yo BAROKAHE wong-wong SHOLEH sing ndisik-ndisik, ora sebab awake dewe iki. Dadi ojo GR AB.

Kabeh iku FADLU MINALLĀH.

WIS MANGGONO NANG QOF YO OJO NANG NUN.

Semoga manfaat.

Panutup:

Mugi dawuh niki saged dados pituduh tumrap kita sedaya, ngelingake bilih maqom kita punika dudu ngadeg piyambakan, nanging nderek, nggandol, lan nyandhak marang sanad kabecikan para Nabi, para wali, lan wong-wong sholeh.

Mugi Allah tansah maringi adab, tawadlu‘, lan istiqomah, lan nglumpukake kita ma‘ash-ṣādiqīn, boten mung min-min.

Maturnuwun sanget Mbah. 🙏

Wassalāmu‘alaikum warahmatullāhi wabarakātuh.

Tinggalkan Balasan

Quote of the week

"People ask me what I do in the winter when there's no baseball. I'll tell you what I do. I stare out the window and wait for spring."

~ Rogers Hornsby

Designed with WordPress