Nalika langit peteng lan wulan ketutupan bayangan bumi, wong Jawa ora mung nyawang pristiwa langit kanthi mripat, nanging uga nganggo roso lan sukma. Jare Mbah nganggep grahana wulan minangka wewaler gaib — sawijining dhawuh alam sing kudu ditampa kanthi waskita. Apamaneh yen grahana dumadi ing Sasi Mulud, sasi kelairané Rasul, lan luwih-luwih pas dina Senin Pon, wektu sing alus lan wingit. Iki dudu kebeneran lumrah, nanging pepeling kanggo sing gelem ngrungokake swara jagad.
Wulan minangka pepadhang wengi, lambang cipta lan rasa. Nalika grahana, iku pepeling supaya manungsa eling marang asal-usulé (sangkan) lan dalan bali marang Kang Gawe Gesang (paran). Grahana dadi wektu nyawang njeron ati: “Aku iki sapa, lan bakal bali marang sapa?”
Sasi Mulud (Rabiul Awal) dianggep suci, amarga dadi pepeling kelairané Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ, pepadhang sejati tumrap umat.
Grahana ing wektu iki dianggep wingit lan sarwa waskita: pepadhang rohani ketutupan pepeteng donya. Leluhur nganggep iki minangka wektu becik kanggo muhasabah lan tirakat, supaya batin bali madhangi kaya wulan sawisé grahana.
Pesene Mbahe: sawijining ati sing kebak pamrih ora bakal bisa madhangi jagad. Nanging yen resik kaya surya lan wulan, bakal madhangi awake dhewe lan wong liya.
Pungkasan
Grahono Wulan ing Sasi Mulud nalika Senin Pon ora mung pristiwa astronomi, nanging tondo gaib lan pepeling kosmis . Iki dadi wektu kanggo eling lan waspodo, ngresiki batin, nguri-uri welas asih, lan nyambung manah karo Gusti lan leluhur.
YA ALLOH YA ROHMAN LINDUNGI KAMI SEMUA BERILAH KAMI SEMUA KESELAMATAN DI DUNIA UGI AKHIRAT, SUKSES NDUNYO SUKSES AKHERAT…AAMIIN

Tinggalkan Balasan