×

Ihya’ ‘Ulumuddin Juz 1 – Ngurip-urip Ramadhan dengan Siyam dan Shoum

Pengajian 1 Ramadhan 1447 H

Ihya’ ‘Ulumuddin Juz 1 – Ngurip-urip Ramadhan dengan Siyam dan Shoum

Al-Ashkhabiyyah – Maqbaroh Mbah Ahmad (Dempok)

Bersama guru kami, KH Masda Andi

Alhamdulillah, malam pertama Ramadhan 1447 H kami diparingi kesempatan sowan ngaji Ihya Ulumuddin juz 1, karya agung Hujjatul Islam, Imam Al-Ghazali.

Kulo nyerat punika minangka murid ingkang namung saged lungguh, mirengaken, lan nyimak kanthi adab. Mugi boten dados slogan, nanging dados suluh laku salebetipun wulan Ramadhan.

Ngurip-urip Ramadhan Menuju Ridho Ilahi

Guru dawuh, rasa syukur punika boten cekap wonten ing lisan. Ramadhan kedah diurip-urip, boten namung dipun sebut. Ngurip-urip tegesipun: diamalaken, dipun rasakaken, dipun jaga tekan akhir.

Beliau ngendika kanthi guyon halus nanging teges:

“Cuma kelas siyam abot gawe bersino ati.”

Tegese, siyam (puasa lahir) sampun abot. Nanging yen pengin ngresiki ati, punika kedah langkung saking namung nahan lapar.

Bedane Siyam lan Shoum

Guru nerangaken bilih wonten bedane makna siyam lan shoum, kados ing dawuh Allah Ta’ala wonten ing:

“…Inni nadzartu lir-Rahmani shouman falan ukallima al-yauma insiyyan.”

(QS. Maryam: 26)

Ing kisah Sayyidah Maryam, tembung ingkang dipun ginakaken punika shouman, lan tafsire para ulama: menahan bicara.

Ringkesan dawuh guru:

Siyam → nahan mangan, ngombe, syahwat. Shoum → nahan lisan, nahan diri saking tutur, saking hal-hal ingkang boten perlu.

Beliau ngendika kanthi senyum:

“Nek jenengan benjeng mangan rokokan niatono shoum…”

(Disusul tawa jamaah)

Geguyon punika ngemu piwulang: menawi namung siyam lahiriyah, punika saged dipun lakoni kathah tiyang. Nanging shoum batin, nahan lisan, nahan ego, punika langkung abot.

Nalika ditakoni:

“Abot pundi, shoum nopo siyam?”

Jamaah matur: “Shoum.”

Penjelasan Ihya’ ‘Ulumuddin tentang Tingkatan Puasa

Ing Ihya’ juz 1 (Kitab Asrar Ash-Shiyam), Imam Al-Ghazali

Maka dawuh guru selaras kaliyan Ihya’:

Siyam lahir punika pondasi. Nanging tujuanipun punika shoum batin.

Hadits-Hadits tentang Hakikat Puasa (Lengkap)

Beberapa hadits yang juga dibahas dalam Ihya’ terkait makna puasa:

1️⃣ Puasa bukan sekadar lapar

Rasulullah ﷺ bersabda:

“Man lam yada‘ qawla az-zur wal ‘amala bihi falaysa lillahi hajah fi an yada‘a tha‘amahu wa syarabah.”

(HR. Bukhari)

Artinya:

Barang siapa tidak meninggalkan perkataan dusta dan perbuatan dusta, maka Allah tidak butuh ia meninggalkan makan dan minumnya.

➡️ Ini adalah ruh shoum, bukan sekadar siyam.

2️⃣ Banyak yang berpuasa tapi hanya dapat lapar

“Rubbā shāimin laysa lahu min shiyāmihi illal jū‘ wal ‘athasy.”

(HR. Ahmad, Ibnu Majah)

Bisa jadi orang berpuasa tidak mendapatkan apa-apa kecuali lapar dan haus.

➡️ Ini peringatan agar siyam ditata menuju shoum.

3️⃣ Puasa sebagai perisai

“Ash-shaumu junnah.”

(HR. Bukhari & Muslim)

Puasa adalah perisai.

Perisai saking napa?

Saking syahwat, saking maksiat, saking api neraka. Nanging menawi perisai punika bolong dening lisan, maka boten sampurna.

Dawuh Guru yang Tegas

Beliau paring wanti-wanti:

“Yang saya terangkan jangan ditelan mentah-mentah.”

Puniko adab ilmiah. Ilmu kedah dipun telaah, dipun tadabburi, boten namung dipun banggakaken.

Beliau ugi ngendika:

Allah Maha Pirsa, Nabi ugi pirsa.

Menawi umat langsung diniati shoum, mboten kuat.

Maka diniati siyam rumiyin, supados shoum saged ditata sethithik-sethithik.

Puniko hikmah tarbiyah:

Syariat lahir → latihan

Hakikat batin → tujuan

Ihya’ ‘Ulumuddin Juz 1 – Ngurip-urip Ramadhan dengan Siyam dan Shoum

1 comment

comments user
Anonim

mantab

Tinggalkan Balasan

Eksplorasi konten lain dari

Langganan sekarang agar bisa terus membaca dan mendapatkan akses ke semua arsip.

Lanjutkan membaca