×

Petikan Dawuh Guru: Laku, Wirid, dan Ngaji

Guru kita dawuh:

“Nek duwe hajat kok dirasa sangat mustahil, maka lakukan amalan utawa riyadloh sing akeh wong angel nindakake.”

Iki sing diarani laku khoriqul ‘adah — usaha sing metu saka kebiasaan umum, ngelawan rasa males lan keterbatasan diri, minangka bukti kesungguhan ing ngarsane Allah.


Ana maneh pesen ingkang asring ketinggalan, nanging sejatiné penting banget:

“Peksonen awakmu cung ben gelem wirid yo ben gelem ngaji, mergo wong sing kuat agamane kui naliko ngaji karo diimbangi wirid. Lah nek mung ilmu, iblis kuwi yo akeh ilmuné, mergo sing nasarke wong sak alam sunyo kuwi yo iblis.”

Dawuh iki ngandhut peringatan sing jero:

  • Ilmu tanpa wirid bisa dadi kering lan ora nuntun
  • Wirid tanpa ilmu bisa dadi ora terarah
  • Keduane kudu nyawiji dadi siji laku

Ngaji nuntun arah, wirid nguatke hati.


Maka penting bagi seorang salik untuk menjaga amalan yang jelas sanadnya:

“Wirido sing bersanad, pasti muttasil.”

Alhamdulillah, Majlis Dzikir wa Ta’lim Al Ashkabiyyah, sedaya wiridipun sampun bersanad lan saged dipertanggungjawabkan, dunya lan akhirat.


Mugi-mugi kanthi gandolan poro masyayikh, kita sedaya dipun paringi pungkasan ingkang sae:

KHUSNUL KHOTIMAH. Aamiin.

Petikan Dawuh Guru: Laku, Wirid, dan Ngaji

Tinggalkan Balasan

Eksplorasi konten lain dari

Langganan sekarang agar bisa terus membaca dan mendapatkan akses ke semua arsip.

Lanjutkan membaca